Pelatihan Blog Nggu Guru

Dekabari neng kang Maskur(mambang), nek sekiye wis ana agregator (jan, kiya basa banyumasane apa ya kang?) blog basabanyumasan, dadi kaya keslomod bamba. Rasane panas, kepengin gagiyan ngetik maning. Apamaning mbarang ndelengi blog-blog liya sing basa banyumasan.

Jaaan..ibarate sapi kuwe kaya dipecut neng bajingan (kiye udu tembung saru. Sebab kusir grobag kuwe pancen jenenge bajingan). Sementlep, terus langsung pencinat..tur mlesat.

Pirang wulan kepungkur, sempet kandahan karo mas Maskur bab gawe agregator kiye. Wektu semono, inyong jan-jane ya nduweni kepenginan. Kepenginan sing mbuh bisa keleksanan apa ora.

Dadi critane kaya kiye. Liwat internet, jebule inyong nemu wong-wong sing esih nduweni tresna maring Banyumas. Wujude ya liwat blog sing nganggo basa Banyumasan. Lha, sekang ngkono, inyong terus mikir. Jan-jane basa Banyumasan kiye bisa tetep urip angger wong-wonge gelem tetep nganggo basa kiye.

Lha cilakane, siki bocah-bocah enom bae wis pada isin nganggo basa Banyumasan. Emperen gara-garane kakehan pelawak sing nglawak nganggo basa Banyumasan. Mulane nek awake dewek ngomong nganggo basa kiye banjur dekira pelawak. Istilaeh, nek ngomong nganggo basa Banyumasan teru sderungok-rungokna koh mreguyokna temen. Jannn…kiye emperen sing jerene diarani degradasi nilai bahasa.

Siki jamane wis beda, mula kuwe awake dewe ya kudu pada bisa melu ngimbangi playone jaman sing banter banget. Wong jawa kuwe, kawit sing gemiyen mula wis kawentar senengane crita. Mula kuwe ana tembang, ana crita lan ana dongeng. Padahal, angger ndeleng neng tembung-tembung neng teori sejarah, dongeng, crita karo tembang kuwe sumber sejarah sing drajate lewih cilik. Kuwe mergane catetan-catetan bab jayane wong Jawa (Banyumas) sethithik banget.

Tuladhane kaya kiye bae. Pas inyong  nggoleti artikel bab bahasa Banyumasan, neng ngendi ora panggonan wis tek tekani, ora nana sing duwe. Dinas Pariwisata dan Kebudayaan ora ndue. Dinas PEndidikan ya ora ndue. Ngasi Dewan Kesenian ya ora ndue. Untunge jaman siki wis ana internet. Gari ndaftar neng perpustakaan sing dekepengini, bisa dadi anggota.

Lha jebule, neng perpustakaan Leiden University, neng landa kana, malah ana. Salah siji sing kesimpen neng kana monine kaya kiye. “Basa Banyumasan kuwe basa sing paling memper karo basa Jawa kuna”. Beda karo basa bandhek (wetanan) sing digawe merga alasan politis nggo nidokna kuwasane wong wetan wektu semono.

Basa Banyumasan uga nggambarna sifat wong neng tlatah Banyumasan. Basane jujur. Ana A diomong A. Ana O diomong O. Ana K diomong K. Ana G diomong G. Ora nana sing deganti. Ora nana sing debuang. Or atedeng aling-aling. Kuwe pas karo sipate wong Banyumas sing Blakasuta, apa anane.

Ora wedi ngomong bener. Ora seneng korupsi. Mergane pancen wis ketaton kawit gemiyen, kepriwe kudune wong Banyumas kuwe kudu lelaku.

Balik maning maring bab nulis lan kemajuan jaman. Nduweni kebiasaan (jan wis depikir2 ngasi madan suwe, ora ketemu tembung sing cocok) nulis kuwe bakal gede banget manfaate kanggo anak putune dewek mbesuk. Liwat tulisan, anak putune dewek pada bisa ngerti, kaya ngapa critane kaki ninine. Ora mung tuku jere adol ndeyan sing olieh mbuh.

Liwat tulisan, uga bisa kewenangan tingkat kabudayaan sing ana wektu kuwe. Tuladhane angger jaman siki mangsan banget sing jenenge Blackberry, mbesuk angger tulisane dewek dewaca neng anak putune dewek, mengko bocahan pada ngerti, angger rama biyunge gemiyen ya ya uga melu-melu tiru nganggo barang sekang Amerika kuwe.

Liwat tulisan uga, anak putu buyut canggaeh dewek bisa ngerteni basa sing denggo dewek. Nek ana sing kemutan watu Rosetta neng Mesir, kuwe bisa dadi tuladha. Sewise ana watu rosetta kuwe, crita-crita jaman Mesir Kuna bisa diwaca. Rajane sapa bae, kuburane neng endi bae lan seliya-liyane.

Lha siki balik maring masalh cita-cita. Rencana, inyong kepengin nganaknya pelatihan nggo guru-guru SD, SMP, SMA apa nek perlu malah guru TK kon pada mulai nulis neng internet. Siji kanggo tujuan sing wis tek omong neng nduwur. Sing ping loro, muga-muga liwat tulisan-tulisane guru-guru kuwe, ngelmu lan ukara-ukara utawane babagan Jawa lan Banyumas bisa disebar.

Lha ngkanan-kanane, rika pada gelem apa ora angger tek jeki brayan mbagi-bagi ngelmu sing sethitik kiya nggo wong liya….?

Posted in Basa Banyumasan, Uncategorized | 4 Comments

Warta Sekang Festival Mendoan : Ana Mendoan Raksasa

mendoan raksasa

Mendoan raksasa lagi degoreng

Purwokerto wis kawentar dejenengi kota mendoan. Ngasi artis Titik sandora baen jaman gemiyen nembang tembangan sing judule kripik apa mendoan. Lha, ngomong-ngomong bab mendoan kiye, winginane, Rebo (10/11) nembe bae deanakna acara sing diwei jeneng Festival Mendoan neng Taman Pintar Kapilawastu Baturaden. Lha apamaning kiye?

 

festival mendoan

kiye wujude mendoan sing ana neng ngendi ora

Festival mendoan kiye tegese acara festival sing mameraken utawane nglombakna werna-werna rupa mendoan. Sing melu kuwe wakil sekang PKK, PKBM, Kelompok Bisnis, Pelajar lan Hotel. Jaan…jebule pada maen-maen temenan polaeh nggo nggawe mendoan.

Festival Mendoan

Mendoan sing bentuke kaya ati

Ana sing gawe mendoan wujude kaya ati. Terus ana sing gawe mendoan raksasa. Angger ora salah ukurane ngasi 30 x 20 cm. Terus ana uga sing gawe mendoan dicampur daging ayam. Ana maning sing gawe mendoan dicampur irisan bayem.

 

Festival Mendoan

Mendoan bayem

Festival kiye, miturute ketua dewan penagrah GUGAH Jawa Tengah, Sudarsono, dianakaken sing utama kanggo lewih ngenalaken mendoan. “Nganti seprene mendoan kuwe mung depangan nggo jambalan. Jan-jane mendoan kiye ya uga duwe nilai ekonomi,” ujare deweke pas aweh sesorah (ningen nganggo basa Indonesia)

 

Festival Mendoan

Mendoan wujude bunder

Nilai Ekonomi mendoan miturute deweke metu sekang kepinteran wong-wong nggawe wujud lan rasa sing beda-beda. Sudarsono sing uga kepengin mendoan dekenal neng dunia ngarep-arep peneliti neng kampus bisa nggawe bahan sing bisa nggawe mendoan lewih awet men bisa dedol neng beda kota utawane beda negara tapi ora mambu. “Nek bisa angger dedol lan depangan neng nggon liya ya rasane esih pada baer karo rasane pas neng Banyumas,” ujare deweke.

Festival Mendoan

Lagi nggoreng mendoan detonton wong

Sing dadi juwara neng acara kiye merga wujud lan warnane yakuwe kelompok PKK Ketenger Baturraden, Argowilis Baturraden lan PKK Cilacap. Lha nek sing wujude paling unik kuwe mendoan sing degawe neng Jaringan Perempuan Usaha Banyumas dan PKBM Perempuan Banyumas.

Sing nggo dasar mbiji ora neka-neka. “Ya kuwe mendoan sing ngarepna rasa lan warna,” ujar Purwati Spd sekang LP3A Jateng sing dadi salah siji tukang biji. “Rasane kudu khas kaya mendoan asli Banyumas lan warnane mandan kuning keemasan,” ujare deweke nambaih.

Aban-abane, acara kaya kiye arep deanakna unggal tahun, men wong-wong pada lewih ngerti mendoan kuwe kayangapa. Kanggo wong Banyumas, acara kaya kiye uga bisa dadi nggo panggonan pamer maring wong sekang kota utawane negara liya.
Klilan…

Posted in Panganan Banyumasan, Uncategorized | 7 Comments

Mbleketaket, Aja Kelalen Karo Banyumase..

kesenian Banyumas

CALUNG PUNKER : Angger ana sing kaya kiye kayane maen emperen ya kang...?!

Gambare dijukut sekang ngkene

Kiye crita anu winginane. Dadi critane wingi neng panggonane inyong ngenger ana wong sekang Surabaya. Jenengane Cak Baehaqi. Deweke redaktur senior neng Jawapos.

Wis kandah ngalor ngidul babagan koran karo kepriwen carane majukna koran daerah, banjur deweke njimot salah sijine koran. Terus nemu judul rubrik sing tumprape deweke koh rasa-rasane beda banget.

“Mbeleketeket. Opo iki..?” takone priyayi sekang Surabaya kiye.
“Mbleketaket pak,” ujare inyong pada bareng-bareng mbenernya.
“Iya. Iki basa mBanyumasan?” wangsulane deweke nyambi takon maning.
“Iya pak,”
“Artine opo iki?”

Kabeh wong pada deleng-delengan. Sewise kuwe pada ndeleng inyong kabeh. Tegese njaluk tulung kon nerangna maring priyayine. Jalarane, wong sekantor sing asli Banyumas jebule mung inyong karo Mas Harry.

“Mbleketaket kuwe tegese luged. Kepenak banget rasane. Angger wong kandahan, ya bisa ngasi ora kemutan wektu. Angger panganan ya enake banget,” ujare inyong nganggo basa Indonesia sotenen.

Terus Cak Baehaqi manthuk-manthuk. “Lha iki. Sing koyo ngene Iki sing sa’jane perlu tok akehi nang Banyumas. Dadi ngangkat lokalitas,” semaure deweke.

Bar kuwe  kari inyong pada sing manthuk-manthuk, mbari madan krasa kewirangan. Lha wong liya (ibarate deweke mbok wong liya, wong tekane sekang Surabaya koh)

Mbarang tek mat-matna, jan-jane bener omongane Cak  Baehaqi kae. Dewek, wong Banyumas kadang tuli kelalen apa malah ora ngerti karo bab-bab sing jan-jane mbanyumas banget. Angger gawe istilah, sering-seringe nganggo bahasa Indonesia. Malah ujar-ujare men diarani maen, malah nganggo ukara sekang bahasa Inggris utawa Landa.

Angger dewek pada gelem mblejedi siji-siji, jan-jane dewek tuli duwe kabudayan sing ora kalah derajate karo wong-wong liya. Wong Betawi, Wong Solo, Wong Jogja, Wong Semarang, Wong Makasar, Wong Malaysia apa dene Wong Amerika karo Wong Landa lan Wong Inggris.

Mung sering-seringe, dewek tuli isine minder merga urung ngerti kaluhurane budayane dewek. Siki jimot nggo tuladha, seni budaya bae. Mbiyen, rikala grup kesenian Cakgenjring sekang Banyumas dolan lan gebyag neng Cekoslovakia karo Malaysia, jebule malah dadi grup sing paling desenengi. Kabeh wong keprok ora uwis-uwis. Crita kiye inyong krungu dewek sekang Kang Bambang Wadoro (Bador), Kang Bambang Set, Kang Edi Romadon (Edon), Kang Rohadi. Priyayi-priyayi kiye sing dadi seksi, angger budaya Banyumas kuwe pancen ora kalah karo budaya bangsa liya.

Winginane, inyong ketemu karo wong tuwa. Jenenganen pak Wito. Deweke kuwe ngomong kaya kiye. “Gyeh, kowe bocah enom, dadia bocah sing nJawani. Dadi wong Jawa kuwe aja ilang Jawane. Kudu gelem nyinauni budaya Jawa (Banyumas) kuwe sing kaya ngapa. Aja ngasi, budayane dewek digawani mlayu maring Landa, China, Amerika, Jerman. Nek arep ngajari, tegese sing jenenge mbagi ilmu kuwe kena. Ningen awake dewek kuwe kudu tetep nduweni. Aja malah dewek banju mengen maring wong manca sing pada teyeng budayane dewek,” piwulange deweke.

Bali sekang nggone deweke, inyong dadi mikir-mikir. Iya ya. Dewek kiye wong Banyumas, tapi jan-jane wis ora ngerti apa bae sing dewarisna bapa biyunge lan mbah buyute dewek. Siki dewek lewih seneng sinau sing ngulon-ngulonan. Nembang, tembangane nganggo basa Inggris. Nulis, nulise nganggo tulisan latin. Maca, uga macani tulisan lan ilmu sekang manca.

Tembangane, dolanane, piwulange, ilmune, ngasi gaya uripe dewek sing sekang ajarane mbah buyute dewek malah meh wis ora nana wong sing ngerteni. Dadi, mayuh lah, mbekayune, kakange, ramane, biyunge, bocah-bocah enom, mayuh pada sing prigel nyinauni piwulang sekang mbah buyute dewek. Takon, angger pancen ora ngerti. Kandahe kanjeng nabi Muhammad, takon kuwe jerene separone ngelmu.

Piwulange Sukarno (presiden pertama Indonesia) : Jangan Lupakan Sejarah. Aja kelalen karo sejarah. Mayuh pada diemut-emut. Kawit gemiyen mula tuli akeh banget wong sekang Banyumas sing dadi panutan .Wiwit mula jaman dejajah Landa, Jepang ngasi pas perang kamardikan.

RA Wirya Atmaja, Gatot Subroto, Sudirman, Susilo Sudarman lan seliya-liyane. Kuwe kabeh wong sekang Banyumas. Piyambake bisa dadi panutan kanggo wong senusantara. Lha, siki gilirane awake inyong rika pada. Tapi ya kuwe, aja kelalen karo Banyumase.

Posted in Budaya Banyumasan, Uncategorized | 2 Comments

Plesiran neng Banyumas : Batur Agung

 

Batur Agung

Batur Agung Sekang kadohan

 

Ngasi seprene, nek ngomong nggon plesiran neng Banyumas, mesti ora keliya, sing pertama deomong kue Baturraden. Sewise kuwe, ndeyan ana sing mangsuli Curug Cipendok, Mesjid Saka Tunggal Cikakak, Kali Bacin, Kali Serayu utawa nggon-nggon liya. Ning jan-jane, siki wis ana nggon plesiran anyar sing emper-emperen, mengko-mengkone bisa dadi nggon plesiran sing maen. Katur Agung, kuwe jenenge.

Nggon plesiran anyar kiye ana neng Desa Baseh. Nek sing pada urung ngerti Baseh kue neng ngendi, Baseh kue salah sewijine desa neng padon kulon kecamatan Kedungbanteng. Angger arep nggolet neng Googlemap apadene Wikimap, nggon passe kue ana neng kene

Jan-jane angger jeneng Batur Agung kuwe wis mandan dengerteni neng wong-wong. Ningen ngasi seprene, lewih dingerteni dadi nggon tapa kari nyepi. Nek ora salah krungu, jere-jerene, gemiyen kuwe Kamandaka uga olih klambi Lutung Kasarung neng nggon kiye.

Batur Agung kiye deresmikna neng bupati Marjoko tanggal 13 Juni 2010. Sesantine ya maen banget. Batur Agung, Mount of Fun, sing tegese, Batur Agung kue gunung sing kepenek nggo seneng-seneng.

 

batur agung

Kiye rikala bupati Marjoko ngresmikna plesiran Batur Agung

 

Lha, banjur apa bae si jane sing bisa dedeleng utawa sing bisa derasa neng panggonan kiye? Yuh siji-siji dedeleng.

Awit panggonane sing neng gunung, delengan sing paling keton ya mestine alam gunung. Hawa sing sejuk, suara banyu sing gemricik, sawah sing ijo royo-royo (nek nembe tandur), lan hawa khas desa sing kepenak derasa.

 

batur agung

Kye tah jane mbuh gambare sapa, sing genah lagi pada neng Batur Agung. Abane pada seneng merga hawane sejuk emperen

 

Sing kaping loro, neng ngkene uga lagi debangun blumbang sing bisa nggo langen (kolam renang), terus kebon sing bisa nggo sleketan (outbond), kali logawa sing bisa nggo kelen (rafting). Seliyane kue, angger lagi kebeneran, wong sing plesir ngeneh uga bisa nonton lengger apa calungan sing biasane detanggap neng pemrentah.

Batur Agung

dolanan sleketan neng kebon (outbond)

 

batur agung

blumbang nggo langen bocah (kolam renang)

batur agung

Kelen neng kali logawa

 

 

batur agung

tanggapan lengger, soten kebeneran sing keton sinden karo nayagane thok

 

Pokoke nek rika pada, wong-wong kota sing wis bosen tur sumpeg urip neng kota, mesti pada seneng banget angger dolan nggon kaya kiye. Apa maning angger nggawa anak bojo apa batir-batir.

 

batur agung

Jajanan sing bisa depangan neng Batur Agung (sotenen ora mesti ana)

 

Ning ana Ninge kiye. Nggon plesiran kiye nembe bae derintis. Esih akeh kurang-kurange. Dadi angger sing ngarep-arep bisa turu neng hotel apa mangan enak kaya restoran, ya urung ana neng kene. Sing ana ya panganan desa sing nek miturute inyong malah nylekamin banget angger depangan neng nggon sing kepenak kaya Batur Agung kiye.

Seliyane kuwe, wingi-wingi uga ana berita, jebule nggon plesiran kiye urang patiya genah ijine. Padahal wis deresmikna neng bupatine. Jerene nek ora salah ana investor panas bumi sing dewei ijin, tapi panggonane perek banget karo nggon plesiran kiye.

Pengarepane inyong si, prekara kaya kuwe bisa cepet derampungi. Sing sepisan men wong sing plesir ngeneh betah. Sing kaping pindho, wong sing arep usaha neng Banyumas ya padha-padha bisa ayem. Tuli mengko-mengkone bisa nggo ngepenakna kadang Banyumasan ikih.

Oya, kanggo rika-rika padha sing kepengin ndeleng profile (jan ora nemu basa banyumasane apa kyeh), neng internet ya wis ana. Bisa dedeleng neng kene karo neng kene . Ya wis, semene disit, mbok menawa bisa migunani k anggo rika padha, ya syukur. Nek urung apamaning ora, ya inyong njaluk ngapura…

Klilan…

NB : Gambar2e akeh sing desedot sekang ngkene

 

Posted in Plesiran | 10 Comments

Warta Sekang Lomba Pidato Basa Banyumasan : Sing Menang Wong Desa Kabeh

salah siji murid sing lagi sesorah nganggo basa banyumasan

SOKARAJA – Kemis (28/10) winginane, Persatuan Guru Republik Indonesia (PGRI) Kabupaten Banyumas nganakna lomba pidato basa Jawa dialek Banyumasan. Acara sing delakoni neng gedung PGRI neng dalan Prit Ganthil kiye depeloni neng 54 murid sekang SMA/SMK/MA se-Banyumas.

Sewise lomba, inyong, kang Bador (Bambang Wadoro) karo Kang Wanto Tirta sing dejaluki tulung kon dadi tukang biji, rembugan. Sing kasile rembugan kuwe nentukna sapa sing dadi juara siji, juara loro ngasi juara arapan telu.

Juara siji wadon, Indah Nur Awal kuwe murid sekarang SMKN I Banyumas. Terus Andri Wasis H sing uga dadi juara siji lanang sekang SMAN Ajibarang.

Terus neng urutan keloro bocah wadon, juarane uga sekang SMAN Ajibarang. Jeneng  bocaeh Wahyu Dwi V. Angger sing lanang Zaenal Abidin sekang SMKN Kebasen. Lha sing juawa telu wadon jenenge Siti Maesaroh sekang SMK Kebasen karo Eko Sanjaya sekang SMKN Banyumas sing dadi juara telu bocah lanang.

Mbosa wis detulis dadi siji neng kertas sing wis desidiakna neng panitia, jebule ana perkara sing pada neng asal sekolah bocah-bocah kuwe. Kae bocah-bocah sing dadi juara nek dedeleng asal sekolaeh tuli jebule anu sekang sekolah ndesa kabeh. Kiye berarti nuduhna apa?

Kiye berarti bocah kota kuwe wis pada kangelan ngomong Banyumasan. Buktine ora nana bocah kota sing dadi juara. Nek tek deleng, bocah-bocah kota kue ngomonge wis kecampur-campur karo omongan basa Indonesia, karo basa Inggris.

Pas lagi ngudarasa karo tukang biji liane, inyong ngira-ira, kayane bocah-bocah sing sekolah neng kota kiye pancen ndeyan wis pada arang ngomong basa Banyumasan. Buktine sing juara ora nana babar blas sing sekang kota.

Kedadian kaya kiye, ujare aku uga merga akeh-akeh guru basa Jawa asale malah sekang njaba Banyumas. Dadi ora mudeng jan-jane basa Banyumasan kuwe sing kaya ngapa.

“Kula nggih jan-jane mboten nyalahaken bocaeh. Mergane, bocah mesti manut teng gurune. Cilakane, ndilalaeh gurune nggih mboten paham basa banyumasan. Dado pas ndamelaken sesorah, basane ya nganggo basa krama inggil. Jan-jane neng basa Banyumasan niku mboten wonten sing namine krama-kramahan. Niku tuli anu pengaruh politik jaman Mataram ganu,” ujare kang Bador pas arep ngumumna juarane. Guru-guru pada mesem-mesem thok. Ndeyan ana sing isin, tapi ana sing ora urusan emperen.

Lha mula, nggo preyayi-preyayi sing njagong neng bab sekolahan, mayuh pada deemut-emut maning. Ancase piwulang basa Jawa, utamane basa Banyumasan kue mbok asale nggo nguri-uri kebudayan Banyumasan. Lha nek ngasi ngomong basa Banyumasan bae ora teyeng, kuwe tegese wulangane bener apa ora? Wulangane mlebu nguteke bocah apa ora. Aja-aja, pas dewulang, pancen ora tau diwaraih basa Banyumasan kue sing kaya ngapa. (chubytamansari)

Posted in Basa Banyumasan, Budaya Banyumasan, Uncategorized | 7 Comments

Umah Anyar

Gawean wis rampung separo, gari nunggoni gawean sing urung tek garap. Ujug-ujug kepikiran, kandah-kandahane inyong wongi rikalane lagi juguran bareng kang Wanto Tirta karo Kang Bambang wadoro (Bador).

Critane kuwe, wingi inyong wong telu dejaluki tulung neng PGRI Banyumas kon dadi juri (apa kiye ya basa banyumasana, tukang biji apa ya?) lomba sesorahan sing nganggo basa Banyumasan. Lha, wektu lomba urung labuh, inyong crita, nduweni kekarepan tur kepenginan.

“Gyeh pak, mayuh pada nggawe acara sing bisa nggawe bocah-bocah nom pada gelem nulis. Jan, banget prihatine atiku nek ndeleng bocah jaman siki koh kayane pada bebeh temen nek kon nulis. Apamaning nulis sing nganggo mikir, wong nulis sing isine seneng-seneng bae sethithik banget sing gelem,” omongku maring Pak Bador.

“Lha apik kuwe usule njenengan. Wis mayuh kapan digawe. Nganggo lembagane dewek bae. Wong ngurusinane tuli ora mung prekara kabudayan karo kesenian. Prekara-prekara kaya kuwe uga bisa mlebu,” wangsulane pak Bador. “Lha kuwe kegiatane apa,” banjure deweke.

“Aku si kepengine nggawe acara sing bisa ngajari bocah-bocah SMA apadene SMK ben pada bisa nulis neng blog. Soale siki kan blog wis saking gampange digawe. Bisa dideleng neng wong sedunya asal kesambung karo internet. Lha angger neng banyumas bocaeh pada gelem nulis kabeh, mesti pada melek maring perkembangan ngelmu karo gelem sinau bab-bab sing liya. Wong nek arep nulis tuli mesti kudu nggolet bahan. Lha bahan sing nggo tulisan kue ana sing kudu degolet liwat maca buku. Dadi mbari ngajari nulis, jane dewek ya ngajek bocah-bocah nom kae kon pada gelem maca,” jawabe inyong nerangna.

Sekang crita kuwe mau, inyong dadi kepikiran. Anger arep maraih bocah-bocah kon pada nulis, ningen inyong dewek ora bisa aweh tuladha sing apik, ya pada bae nglombo. Mulane, blog kiye tek gawe. Salah sijine nggo tuladha maring wong liya, nek inyong kue ora kur ngomong thok.

Blog kiye tek arep-arep mengkone bisa nggo umah anyar tumrap inyong dewek. Utamane nggo nulis prekara-prekara sing ana gandhengane karo Banyumasan.

Mangga, sederek-sedherek sing pada duwe kepenginan pada nggo nguri-uri budaya banyumasan, mayuh padha tukar tinukar warta…

Klilan…

 

Posted in Uncategorized | 9 Comments