Plesiran neng Banyumas : Batur Agung

 

Batur Agung

Batur Agung Sekang kadohan

 

Ngasi seprene, nek ngomong nggon plesiran neng Banyumas, mesti ora keliya, sing pertama deomong kue Baturraden. Sewise kuwe, ndeyan ana sing mangsuli Curug Cipendok, Mesjid Saka Tunggal Cikakak, Kali Bacin, Kali Serayu utawa nggon-nggon liya. Ning jan-jane, siki wis ana nggon plesiran anyar sing emper-emperen, mengko-mengkone bisa dadi nggon plesiran sing maen. Katur Agung, kuwe jenenge.

Nggon plesiran anyar kiye ana neng Desa Baseh. Nek sing pada urung ngerti Baseh kue neng ngendi, Baseh kue salah sewijine desa neng padon kulon kecamatan Kedungbanteng. Angger arep nggolet neng Googlemap apadene Wikimap, nggon passe kue ana neng kene

Jan-jane angger jeneng Batur Agung kuwe wis mandan dengerteni neng wong-wong. Ningen ngasi seprene, lewih dingerteni dadi nggon tapa kari nyepi. Nek ora salah krungu, jere-jerene, gemiyen kuwe Kamandaka uga olih klambi Lutung Kasarung neng nggon kiye.

Batur Agung kiye deresmikna neng bupati Marjoko tanggal 13 Juni 2010. Sesantine ya maen banget. Batur Agung, Mount of Fun, sing tegese, Batur Agung kue gunung sing kepenek nggo seneng-seneng.

 

batur agung

Kiye rikala bupati Marjoko ngresmikna plesiran Batur Agung

 

Lha, banjur apa bae si jane sing bisa dedeleng utawa sing bisa derasa neng panggonan kiye? Yuh siji-siji dedeleng.

Awit panggonane sing neng gunung, delengan sing paling keton ya mestine alam gunung. Hawa sing sejuk, suara banyu sing gemricik, sawah sing ijo royo-royo (nek nembe tandur), lan hawa khas desa sing kepenak derasa.

 

batur agung

Kye tah jane mbuh gambare sapa, sing genah lagi pada neng Batur Agung. Abane pada seneng merga hawane sejuk emperen

 

Sing kaping loro, neng ngkene uga lagi debangun blumbang sing bisa nggo langen (kolam renang), terus kebon sing bisa nggo sleketan (outbond), kali logawa sing bisa nggo kelen (rafting). Seliyane kue, angger lagi kebeneran, wong sing plesir ngeneh uga bisa nonton lengger apa calungan sing biasane detanggap neng pemrentah.

Batur Agung

dolanan sleketan neng kebon (outbond)

 

batur agung

blumbang nggo langen bocah (kolam renang)

batur agung

Kelen neng kali logawa

 

 

batur agung

tanggapan lengger, soten kebeneran sing keton sinden karo nayagane thok

 

Pokoke nek rika pada, wong-wong kota sing wis bosen tur sumpeg urip neng kota, mesti pada seneng banget angger dolan nggon kaya kiye. Apa maning angger nggawa anak bojo apa batir-batir.

 

batur agung

Jajanan sing bisa depangan neng Batur Agung (sotenen ora mesti ana)

 

Ning ana Ninge kiye. Nggon plesiran kiye nembe bae derintis. Esih akeh kurang-kurange. Dadi angger sing ngarep-arep bisa turu neng hotel apa mangan enak kaya restoran, ya urung ana neng kene. Sing ana ya panganan desa sing nek miturute inyong malah nylekamin banget angger depangan neng nggon sing kepenak kaya Batur Agung kiye.

Seliyane kuwe, wingi-wingi uga ana berita, jebule nggon plesiran kiye urang patiya genah ijine. Padahal wis deresmikna neng bupatine. Jerene nek ora salah ana investor panas bumi sing dewei ijin, tapi panggonane perek banget karo nggon plesiran kiye.

Pengarepane inyong si, prekara kaya kuwe bisa cepet derampungi. Sing sepisan men wong sing plesir ngeneh betah. Sing kaping pindho, wong sing arep usaha neng Banyumas ya padha-padha bisa ayem. Tuli mengko-mengkone bisa nggo ngepenakna kadang Banyumasan ikih.

Oya, kanggo rika-rika padha sing kepengin ndeleng profile (jan ora nemu basa banyumasane apa kyeh), neng internet ya wis ana. Bisa dedeleng neng kene karo neng kene . Ya wis, semene disit, mbok menawa bisa migunani k anggo rika padha, ya syukur. Nek urung apamaning ora, ya inyong njaluk ngapura…

Klilan…

NB : Gambar2e akeh sing desedot sekang ngkene

 

About Wong Banyumas

para penggila otomotif, internet dan foto. Cari makannya juga dari situ. Kerjaanya nongkrong di bengkel, ngobrol ngalor ngidul tentang otomotif, touring, motret dan tentu saja, nongkrong di warnet ato nyari hotspotan gratis..he..he..he...
This entry was posted in Plesiran. Bookmark the permalink.

10 Responses to Plesiran neng Banyumas : Batur Agung

  1. Maskur® says:

    disit dewek.
    Berarti sekang karanglewas ngalor ya kang,

  2. Maskur® says:

    kang, gambar ngisor dewek kuwe udu panganan banyumas
    nang banyumas ora ana:
    -tiwul anane oyek utawa inthil (aku ora bisa mbedakna)
    -jongkong, nek ora salah kuwe ciwel
    -sawut kuwe gesrek
    aku tau nulis nang kene:
    http://maskurmambangblog.wordpress.com/2010/10/10/jajan-pasar-di-semarang/

  3. UungFeri says:

    ngalooooooooooooooooooooorrrrrr terusssss tekan kulon belok kanan hahahahahahahaha
    nunut memeni klambi kang hahahahahaha http://visitbanyumas.blogspot.com/

  4. Hayoo, nggone rika ana panganan jenenge”cingkik” pora? Anggere nyoh tah senenge mendoan bae, karo nyeket cengek rawit ijo…jan nglanyem banget lah..

  5. Awam says:

    Lho, Chuby karo Wjs (Wong Bms) kuwe padha bae ya?

Leave a comment