Mbleketaket, Aja Kelalen Karo Banyumase..

kesenian Banyumas

CALUNG PUNKER : Angger ana sing kaya kiye kayane maen emperen ya kang...?!

Gambare dijukut sekang ngkene

Kiye crita anu winginane. Dadi critane wingi neng panggonane inyong ngenger ana wong sekang Surabaya. Jenengane Cak Baehaqi. Deweke redaktur senior neng Jawapos.

Wis kandah ngalor ngidul babagan koran karo kepriwen carane majukna koran daerah, banjur deweke njimot salah sijine koran. Terus nemu judul rubrik sing tumprape deweke koh rasa-rasane beda banget.

“Mbeleketeket. Opo iki..?” takone priyayi sekang Surabaya kiye.
“Mbleketaket pak,” ujare inyong pada bareng-bareng mbenernya.
“Iya. Iki basa mBanyumasan?” wangsulane deweke nyambi takon maning.
“Iya pak,”
“Artine opo iki?”

Kabeh wong pada deleng-delengan. Sewise kuwe pada ndeleng inyong kabeh. Tegese njaluk tulung kon nerangna maring priyayine. Jalarane, wong sekantor sing asli Banyumas jebule mung inyong karo Mas Harry.

“Mbleketaket kuwe tegese luged. Kepenak banget rasane. Angger wong kandahan, ya bisa ngasi ora kemutan wektu. Angger panganan ya enake banget,” ujare inyong nganggo basa Indonesia sotenen.

Terus Cak Baehaqi manthuk-manthuk. “Lha iki. Sing koyo ngene Iki sing sa’jane perlu tok akehi nang Banyumas. Dadi ngangkat lokalitas,” semaure deweke.

Bar kuwe  kari inyong pada sing manthuk-manthuk, mbari madan krasa kewirangan. Lha wong liya (ibarate deweke mbok wong liya, wong tekane sekang Surabaya koh)

Mbarang tek mat-matna, jan-jane bener omongane Cak  Baehaqi kae. Dewek, wong Banyumas kadang tuli kelalen apa malah ora ngerti karo bab-bab sing jan-jane mbanyumas banget. Angger gawe istilah, sering-seringe nganggo bahasa Indonesia. Malah ujar-ujare men diarani maen, malah nganggo ukara sekang bahasa Inggris utawa Landa.

Angger dewek pada gelem mblejedi siji-siji, jan-jane dewek tuli duwe kabudayan sing ora kalah derajate karo wong-wong liya. Wong Betawi, Wong Solo, Wong Jogja, Wong Semarang, Wong Makasar, Wong Malaysia apa dene Wong Amerika karo Wong Landa lan Wong Inggris.

Mung sering-seringe, dewek tuli isine minder merga urung ngerti kaluhurane budayane dewek. Siki jimot nggo tuladha, seni budaya bae. Mbiyen, rikala grup kesenian Cakgenjring sekang Banyumas dolan lan gebyag neng Cekoslovakia karo Malaysia, jebule malah dadi grup sing paling desenengi. Kabeh wong keprok ora uwis-uwis. Crita kiye inyong krungu dewek sekang Kang Bambang Wadoro (Bador), Kang Bambang Set, Kang Edi Romadon (Edon), Kang Rohadi. Priyayi-priyayi kiye sing dadi seksi, angger budaya Banyumas kuwe pancen ora kalah karo budaya bangsa liya.

Winginane, inyong ketemu karo wong tuwa. Jenenganen pak Wito. Deweke kuwe ngomong kaya kiye. “Gyeh, kowe bocah enom, dadia bocah sing nJawani. Dadi wong Jawa kuwe aja ilang Jawane. Kudu gelem nyinauni budaya Jawa (Banyumas) kuwe sing kaya ngapa. Aja ngasi, budayane dewek digawani mlayu maring Landa, China, Amerika, Jerman. Nek arep ngajari, tegese sing jenenge mbagi ilmu kuwe kena. Ningen awake dewek kuwe kudu tetep nduweni. Aja malah dewek banju mengen maring wong manca sing pada teyeng budayane dewek,” piwulange deweke.

Bali sekang nggone deweke, inyong dadi mikir-mikir. Iya ya. Dewek kiye wong Banyumas, tapi jan-jane wis ora ngerti apa bae sing dewarisna bapa biyunge lan mbah buyute dewek. Siki dewek lewih seneng sinau sing ngulon-ngulonan. Nembang, tembangane nganggo basa Inggris. Nulis, nulise nganggo tulisan latin. Maca, uga macani tulisan lan ilmu sekang manca.

Tembangane, dolanane, piwulange, ilmune, ngasi gaya uripe dewek sing sekang ajarane mbah buyute dewek malah meh wis ora nana wong sing ngerteni. Dadi, mayuh lah, mbekayune, kakange, ramane, biyunge, bocah-bocah enom, mayuh pada sing prigel nyinauni piwulang sekang mbah buyute dewek. Takon, angger pancen ora ngerti. Kandahe kanjeng nabi Muhammad, takon kuwe jerene separone ngelmu.

Piwulange Sukarno (presiden pertama Indonesia) : Jangan Lupakan Sejarah. Aja kelalen karo sejarah. Mayuh pada diemut-emut. Kawit gemiyen mula tuli akeh banget wong sekang Banyumas sing dadi panutan .Wiwit mula jaman dejajah Landa, Jepang ngasi pas perang kamardikan.

RA Wirya Atmaja, Gatot Subroto, Sudirman, Susilo Sudarman lan seliya-liyane. Kuwe kabeh wong sekang Banyumas. Piyambake bisa dadi panutan kanggo wong senusantara. Lha, siki gilirane awake inyong rika pada. Tapi ya kuwe, aja kelalen karo Banyumase.

About Wong Banyumas

para penggila otomotif, internet dan foto. Cari makannya juga dari situ. Kerjaanya nongkrong di bengkel, ngobrol ngalor ngidul tentang otomotif, touring, motret dan tentu saja, nongkrong di warnet ato nyari hotspotan gratis..he..he..he...
This entry was posted in Budaya Banyumasan, Uncategorized. Bookmark the permalink.

2 Responses to Mbleketaket, Aja Kelalen Karo Banyumase..

  1. Maskur® says:

    disit dewek
    apik kang nyong setuju

  2. nahhhh kiye sing jenenge punker apikannnnn

Leave a comment